Sampeyan Sinten?

Sampeyan sinten? Punopo sampeyan ngertos ingkang kulo tulis niki? Kulo nulis nganggi boso jawi niki amargo mak bedunduk kulo angsal ide nulis nganggi boso jowo. Kulo nembe prihatin, sak niki tiang engkang ngakune wong jowo, sitik mawon engkang ngginaaken boso jowo kangge omongan mben dino. Malah anak-anakipun diajari ngomong nganggo boso endonesia.

Sak niki ingkang dipun pentingaken inggih puniko boso enggres, buktinipun anak-anak sak niki dipun lesaken ing les boso enggres. Sebalikipun, boso jowo cumin diajarake teng sekolah mawon, teng ngriyo wong tuwonipun bocah-bocah meniko mboten ngajari anakipun boso jowo. Contonipun kulo. Kulo mboten sagen boso jowo, opo maneh kromo inggil. Isone cumin boso jowo kasaran.

Sampeyan sinten? Punopo sampeyan ngertos ingkang kulo tulis meniko?
Tulisan meniko menawi dados partisipasinipun kulo kangge nglestariaken boso jowo. Sementen mawon tulisan boso jowo niki, wes mboten wonten ide malih. Menawi enten pitutur engkang salah kulo nyuwun agunging pangapuro amargi kulo saestu mboten saget boso jowo. Nyuwun masukan engkang sae

maturnuwon

About sanji0ne

bukan apa-apa, hanya manusia biasa, yang ingin berbagi dengan sesama

Posted on 7 Agustus 2009, in Asal tulis and tagged , , , , , . Bookmark the permalink. 1 Komentar.

  1. Kulo tiyang mas sanes segawon nama malih gendruwo, medon, banaspati lan sapiturutipun. Inggih sakedhik sakedhik ngertos mas, pramilo matur nuwun menawi panjenengan saged lan saguh nulis wonten papan mriki ngaggem boso jawi, mbokbilih samangke kathah engkang badhe mlebet

    Mugi tansah pinaringan slamet, bagas waras saking Gusti

    Tangerang, Agustus 2009

    Suka

Tinggalkan komentar